Contoh Wawancara Dengan Bahasa Jawa



Kula: Sugeng ndalu Bu Tutik?

Bu Tutik: Sugeng ndalu mas Adit. Dengaren mrene, ana kaperluan napa?

Kula: Kula badhe mewawancarai ibu. Angsal mboten Bu?

Bu Tutik: Oh, ya mboten napa-napa.

Kula: Kula nyuwun pangapunten amargi sampun ndalu kula malahan nganggu. Panjenengan kagungan usaha ternak menapa lan kados pundi mulabukanipun ngingah ternak menika?

Bu Tutik: Wekdal menika kula usaha ternak ayam potong ( broiler ) saking yahun 1990 kalih atus ekor, sakmenika tigang doso gangsal ewu ekor. Mulabukanipun, kula niti priksa bilih kabetahan daging ayam warga masyarakat saben tahunipun saya mindhak, awit saking menika kula nggadahi krentek nyobi ternak ayam broiler saking sekedik, lan Alhamdulillah ngantos wekdal menika saget ngrembaka lan lumampah kanthi lancar.

Kula: Kangge ngawekani lan nyegah penyakitipun, kados pundi bab tedanipun lan obat-obatanipun?
 
Bu Tutik: "Pangopenipun dipun paringaken kandang piyambak, kandang menika kedah dipun resiki pendak dintenipun lan dipun semprot ngagem desinfektan supados kandang wau steril. Masalah pakan, kedah dipun titi priksa lan dipun paring nutrisi ingkang sae. Babagan oabt-obatan kedah rutin, obat saha tedanipun mundut saking poutry saha saking pabrik.

Kula: Pikantuk pembinaan saking pundi?

Bu Tutik: Pembinaan sampun mlampah kanthi sae, saking Dinas Peternakan dan Perikanan Kab. Sragen, UPTD Peternakan Kecamatan Kedawung saha saking PPL.

Kula: Ngingah ternak menapa kemawon ingkang saget dipun pendet hasilipun?

Bu Tutik: Ingkang saget dipun pendet hasilipun  : dagingipun kagem peningkatan gizi keluarga, limbahipun (kotoran ayam) inggih saget kagem pupuk organik.

Kula: Pemsaranipun dateng pundi ? Lan hasil ternak menika sisa hasilipun kados pundi ?

Bu Tutik: Pemasaranipun kajaba dateng pasar ( masyarakat lokal Sragen ), ayam kala wau dipun puruki pembeli saking Surabaya, Solo, ugi daerah-daerah sekitar Kabupaten Sragen. Hasilipun Alhamdulillah saget nyekapi kebutuhan kaluarga.

Kula: Menapa wonten kendala ? Kados pundi ingkang ngawekani?

Bu Tutik: Biasanipun bilih mangsa ketiga kenging penyakit ngorok utawi pilek, kagem ngawekani dipun paring obat.

Kula: Menapa mupangatipun dateng kaluarga lan taggi tepalih?

Bu Tutik: Dateng kaluarga antawisipun saget ningkataken perekonomian keluarga. Dateng tetanggi para tetanggi saget sinau kados pundi caranipun ngingah utawi usaha ayam broiler, sak menika para tetanggi katah ingkang ngingah ayam broiler.

Kula: Rancangan menapa ingkang badhe dipun tindakaken supados ternak panjenengan saya majeng malih?

Bu Tutik: Nambah ternak ingkang sampun wonten, dipun tambah ngingah ayam petelur. Menapa malih menika sae lan permintaan samsoyo katah.

Kula: Matur suwun sanget nggih Bu amargi angsal mewawancarai Ibu.

Bu Tutik: O ya, menawa kagungan pernu mrene maneh ya Mas!

Kula: Inggih Bu.Sugeng  ndalu.


Jangan Lupa Jempolnya :


Receive all updates via Facebook. Just Click the Like Button Below

 

© 2011 contoh surat dan kebutuhan anda PublisedSeo Template Blogger Converted Template by Hack Tutors.info